Sesorah

Satu lagi tugas yang sudah terselesaikan, Alhamdulillah. Ujian praktek B.Jawa telah usai, hehe.. Ya beginilah sesorah yang seadanya. maklum, prakteknya barengan sama TUC..

Assalamualaikum wr.wb.

Ibu guru ingkang kula urmati saha rencang-rencang sedaya ingkang kula tresnani. Saderengipun pepanggihan menika kita wiwiti, mangga langkung rumiyin sedaya ngaturaken puji syukur saha atur panuwun wonten ing ngarsanipun gusti ingkang maha agung, Allah SWT. Ingkang sampun paring rahmat, saengga kita saged kempal wonten mriki kangge mengeti dinten pendidikan nasional

Ibu guru ingkang kinurmatan, ing saben tanggal 2 wonten sasi Mei, Bangsa Indonesia tansah mengeti dinten ageng, inggih menika Dinten Pendidikan Nasional. Ing tanggal menika Ki Hajar Dewantara wiyos wonten Yogyakarta. Dimengetinipun dinten wiyosipun Ki Hajar Dewantara amargi piyambakipun gadah jasa ingkang katah kangge majunipun pendidikan bangsa Indonesia.

Wonten jaman penjajahan menika, bangsa Indonesia tasih wonten ing salebeting kebodhohan. Nanging Ki Hajar Dewantara mboten nyerah lan tetep berjuang kangge merangi kebodhohan menika. Piyambakipun mbika sekolah ingkang di paringi asma Taman Siswa. Wonten sekolah menika Ki Hajar Dewantara milang sinten kemawon ingkang mboten saged nulis kaliyan maos. Supados bangsa Indonesia bebas saking kebodhohan.

Ki Hajar Dewantara ugi gadah semboyan ingkang dumugi sakmenika tasih diagem. Semboyanipun inggih menika ”Ing Ngarsa Sung Tuladha, Ing Madya Mangun Karsa, Tut Wuri Handayani”.

Rencang – rencang ingkang kula tresnani, kita sedaya sampun sakmestine bersyukur, amargi sakmenika, sinten kemawon saged sekolah lan nuntut ilmu. Teknologi sampun saya maju, nuntu ilmu mboten saking buku mawon, nanging smapun saged saking internet lan sakliyane.Sakmenika ingkang dados tanggel jawab kita sedaya inggih menika nerusaken perjuanganipun Ki Hajar Dewantara. Sinau ingkang mempeng, supados bangsa Indonesia niki saged saya maju.

Wasana kula cekapaken semanten rumiyin atur kula. Mbok bilih anggen kula matur katah kekiranganipun, kula nyuwun agunging samudera pangaksami.

Wassalamualaikum.wr.wb

semoga disini bisa bermanfaat, walaupun elek..

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • Twitter
  • RSS